''Rahayuning Bawana Kapurba Waskitaning Manungsa"

Kamis, 16 Februari 2012

Geguritan

I.    Materi Pembelajaran
    Bedane teks sastra lan non sastra
•    Teks sastra kalebu karangan non ilmiah yaiku asil karya/karangan kang dingrembakakake kanthi cara bebas lan nduweni isi/ pesen kang ditulis dening pengarang marang para pamaose.
•    Teks non sastra kalebu karangan ilmiah yaiku karangan kang dingrembakakake adhedhasar aturan-aturan panulisane lan aturan panggunane basa.

    Pambagiyan jinising karangan
•    Manut bobot lan isine karangan bisa kagolong dadi 3 golongan yaiku karangan ilmiah, karangan semi ilmiah lan karangan non ilmiah. Kang kalebu karangan ilmiah yaiku laporan, makalah, skripsi, tesis, disertasi. Kang kagolong karangan semi ilmiah yaiku artikel, editorial, opini, feature, tips, reportase. Dene kang kagolong karangan non ilmiah yaiku anekdot, dongeng, hikayat, cerpen/cerkak, cerber/cerbung, novel, roman, puisi/guritan lan naskah drama.
•    Tetelune nduweni ciri-ciri kang beda. Karangan ilmiah nduweni aturan baku lan syarat-syarat kang mligi/khusus bab metode lan bahasa. Karangan non ilmiah yaiku karangan kang ora kaiket dening aturan kang baku, dene karangan semi ilmiah/ ilmiah populer ana ing antarane lelorone karangan kuwi.

Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening pugeran tartamtu. Sanajan ta sipate bebas nanging isih ngugemi ananing rasa kaendahan.

    Titikane geguritan :
a.    Ora kaiket guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
b.    Isine mentes, padhet
c.    Basane endah
d.    Ngandut piwulangan, kritik, protes, pangarep-ngarep lan liyane.

    Paugeran kang kudu digatekake supaya bisa maca geguritan kanthi becik tur endah :
a.    Mangerteni isine geguritan sing diwaca
b.     Bisa ngrasakake surasane geguritan
c.    Duwe swara sing landhung lan becik supaya kepenak dirungokake
d.    Pangucapane tembung kudu pener

    Guru lagu yaiku dhong-nginge swara (tibane swara) ing pungkasane gatra
Guru gatra yaiku cacahing gatra (larik) saben sapada (sabait)
Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben-saben gatra

    Teks Geguritan

Kutha Sewu Siji Guwa
(Dening Asmara Kinendra)

Para warga datan ginodha alaning jalma
Wewengkonmu kapencil saka remening kutha
Ora saben jalma wani ngambah tlatah ira
Mijil saka perenging ardi
Munggah mudhun nuju pucuking arga
Kiwa tengen bebaya jurang tinantang

Ing suwaliking bantala kang cengkar
Kinandhut tambang maneka warna
Kinandhut mas picis raja brana

Pesisir Teleng Ria lan Watu Karung
Endahing praupanmu sing isih prawan sunthi
Gawe para andhon wisata bola-bali mirsani

Pacitan, kutha sewu siji guwa aranira
Guwa Tabuhan ngumandhangake endahing cipta pradhangga
Guwa Gong tinabuh mijil sawaraning gong endah ngelami
Guwa Kalak, Guwa Luweng Jaran lan Guwa Putri
Kabeh duwe kaendahan tan ana sing bisa madhani
Kaendahing alam ciptaning Gusti Kang Murbeng Dumadi

(Sumber : Kumpulan Geguritan lan Sajak-sajak Jawi, Asmara Kinendra, Surabaya, Widya Pustaka)